Feeds:
Tulisan
Komentar

Arsip untuk ‘Unggah Ungguh Basa’ Kategori

Basa Madya

Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku :

1. Madya Ngoko.

Basa Madya Ngoko wujude tembung :

  • Madya (ater-ater lan panambang ngoko)
  • Ngoko
  • Dika, mang, samanng

Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane :

  • Aku, dadi kula
  • Kowé, diowahi dadi dika
  • Ater-ater tak- diowahi dadi kula
  • Ater-ater ko-diowahi dadi dika
  • Ater-ater di- ora owah

Kanggone Basa Madya Ngoko iku lumrahe :

  • Bakul padha bakul
  • Priyayi marang sor-sorane

Tuladha :

  • Dika niku klebu beja, olehe panen pari mboten enten sing gabug, samang napake ta?
  • Pundi woh-wohané sing becik-becik niku?
  • Niku napa kirang becik?

2. Madyantara.

Basa Madyantara iku wujude tembung :

  • Madya (ater-ater lan panambang ngoko)
  • Ngoko
  • Kang slira (sampeyan), pangkate, sesebutan (peprenahan)

Ciri-cirine Basa Madyantara :

  • Aku, diowahi dadi kula
  • Kowé, diowahi dadi sampéyan, samang
  • Ater-ater tak-, diowahi dadi kula
  • Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang
  • Panambang -ku, diowahi dadi kula
  • Panambang -mu, diowahi dadi sampéyan, samang
  • Panambang -e tetep ora owah

Sing nganggo Basa Madyantara :

  • Wong padesan marang wong liya kang dianggep luwih tuwa utawa kinurmatan
  • Padha-padha priyayi sing wis kulina
  • Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung kulina)
  • Priyayi marang sanake tuwa kang luwih asor

Tuladha :

  • Sampeyan niku pripun ta mas, seprika-sepriki kok boten enten sudane
  • A migunakaké Basa Madya Ngoko, B migunakaké Basa Madya Krama.

A : “É, Yu nggéndhong lurik, ndika mandheg sedhéla”.
B : “Napa, ajeng tumbas?”
A : “Wong ngendheg nèk mboten ajeng tuku ajeng napa?”
B : “Engga ta mang milih. Dagangan kula saé-saé”.

3. Madya Krama.

Basa Madya Krama iku wujude tembung :

  • Madya (ater-ater lan panambang ngoko)
  • Krama lan krama inggil
  • Sampeyan, pangkat, sesebutan/peprenahan

Ciri-ciriné antara liya:

  • Aku, diowahi dadi kula
  • Kowé, diowahi dadi sampéyan utawa samang
  • Ater-ater tak-, diowahi dadi kula
  • Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang
  • Ater-ater di-, tetep ora owah.

Sing nganggo Basa Madya Krama :

  • Padha=padha priyayi sing wis kulina
  • Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung ngoko)

Tuladha ;

  • Mas, tinimbang sampeyan ngresula ngoten niku, mbok luwung ngenggar-enggar penggalih lan nyenyuwun teng Pangeran pinaringan gesang mulya, tentrem boten enten sambikala.
  • (A Ibuné B Kula)
A: “Wetonku tumbuk umur 33 taun, slametané apa wis kok pikir?”
B: “Rak siyos bénjing tanggal 7, wulan Rabingulakir ngajeng niki ta?”
A: “Iya”.
B: “Saniki tanggal ping 27, taksih kirang 10 dalu”.
A: “Rak ya wis cedhak”.

(sumber panulisan : jv.wikipedia.org lan cathethan Basa Jawa nalika ing bangku sekolah)

Read Full Post »

Basa Ngoko

Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong sapadha-padha. Basa Ngoko isih kaperang dadi 2, yaiku :

1. Ngoko Lugu,yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.  Gunane kanggo guneman antarane :

  • Wong tuwa marang bocah enom
  • Wong kang sadrajad utawa wis raket sesrawungane
  • Wong apangkat dhuwur marang pegawene
  • Bocah cilik karo kancane
  • Ngunandika (ngomong dhewe)

2.Ngoko Andhap, yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama sawetara. Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane :

  • Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade
  • Bojone priyayi marang sing lanang
  • Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan (kulina/raket)

Basa ngoko andhap bisa diperang dadi :

a. Antya Basa (wujude tembung ngoko lan krama inggil). Ciri-cirine :

  • Aku, tetep ora owah
  • Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
  • Ater-ater dak-, ko-, di- lan panambang -ku, -mu, -e, -ake ora owah

Tuladha :

  • Mas, aku nyuwun ngampil kagungane buku sewengi wae.
  • Ora, kangmas ki suwé ora ngetingal-ngetingal iku tindak ngendi?
  • Wah, adhimas ki rada ngece. Genah wis pirsa bae kok mundhut pirsa.

b. Basa Antya (wujude tembung ngoko, krama inggil lan krama). Ciri-cirine :

  • Aku, tetep ora owah
  • Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
  • Ater-ater dak-, ko-, di- tetep ora owah

Tuladha :

  • Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kejaba mung bisa ndherek muji rahayu, muga-muga panjenengan saged remen, lan saged ngangsu kawruh sing migunani tumrap nusa lan bangsa.
  • Dak arani sliramu dhèk mau bengi saèstu mriksani ringgit ana ing dalemé Pak Lurah. Gèk lampahé baé apa ya dhimas, teka gamelané sedalu natas ngungkung baé, ora ana pedhot-pedhoté.

(sumber tulisan : jv.wikipedia.org lan cathetan Basa Jawa nalika ing bangku sekolah)

Read Full Post »

Unggah-Ungguh Basa Jawa

.. bebasan ajining dhiri saka ing lathi, unggah-ungguh Basa Jawa ngemu surasa ngudi subasita/tatakrama tumuju kapribadhen kang santosa, kang bisa diwujudake watak andhap asor, ngajeni wong liya adhedhasar lantiping sasmita, tajem ing panggraita, alus rasa pangrasaning ati, lan watak-watak luhur liyane marang sapadha-padhane manungsa …

Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku :

1. Basa Ngoko, kaperang dadi 2, yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya).

2. Basa Madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama.

3. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa.

4. Basa Kedhaton.

5. Basa Kasar.

… Wong Jawa saiki akeh sing ngarani yen wong enom wis ora nduweni unggah-ungguh maneh. Mesthi bae. Wong saiki tindak lakune kudu cepet, jalaran nguber kabutuhane urip, nganggo paugeran cepet-cepet anggere slamet, ora kaya wong Jawa jaman biyen sing duwe pathokan nguler kambang, alon-alon waton kelakon. Kanthi lumakune waktu lan jaman, mesthi ana owah gingsire kahanan, jalaran tuwuh kahanan anyar utawa sangsaya majune teknologi bakal nuwuhake owah-owahan. Apa iku owah-owahan sikap, apa tindak tanduk … (nguripuripbasajawa.blogspot.com)

Read Full Post »

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.